Kodim 0801/Pacitan Gelar Bukber Bareng Wartawan, Prajurit Nyeletuk Soal Bupati lan Dewan Gawe Suasana Plerak-Plerok

Judul Halaman
%%footer%%

 –  Pacitan Suasanasantai lan kebak guyonan warna acara buka puasa bersama sing digelar Kodim 0801/Pacitan bareng para wartawan Pacitan sing tergabung ing Forum Pewarta Pacitan (FPPA), Minggu (2/3/2026).

Acara bukber digelar ing salah siji restoran kawasan Hotel Parai Teleng Ria, sawisé sadurungé dilakoni kolaborasi bagi-bagi takjil ing ngarep Makodim, wilayah Penceng, lan perempatan Bapangan.

📲 Simak Berita Terpercaya Langsung di Ponselmu!

Ikuti MediaPatriot.CO.ID lewat WhatsApp Channel resmi kami:
👉 Klik di sini untuk bergabung

Sadurungé adzan magrib kumandang, anggota TNI saka Kodim 0801/Pacitan lan para wartawan lungguh santai, klesotan bareng, guyon ngalor-ngidul. Nanging, ing tengah suasana cair kuwi, ana siji pitakonan sing ndadak nggawe wartawan “muk plerak-plerok”.

Salah siji prajurit TNI kanthi polos nyeletuk, “Instansi ngendi wae sing wis ngajak wartawan bukber? Bupati lan Dewan nopo empun?”
Pitakonan kuwi ujug-ujug nggawe sawetara wartawan padha pandang-pandangan. Ana sing mesem, ana sing mung nyengir bingung golek jawaban sing pas. Salah siji wartawan sing jenenge Slamet nganti gligak-gligik, ora langsung mangsuli.

“Ngene ki piye jal lehku jawab,” celetuke lirih, disambut tawa cilik kancane.
Nanging ora suwe, Slamet kaya nemu angin seger. Dheweke krungu kabar yen Polres Pacitan liwat Kapolres AKBP Ayub Diponegoro bakal nggelar buka puasa bareng wartawan dina Selasa (3/3/2026). Spontan Slamet langsung mangsuli kanthi sumringah.
“Alhamdulillah, Kodim lan Polres pancen top markotop,” ujare kanthi nada lega lan girang.


Guyonan ringan kuwi malah dadi warna dhewe ing acara bukber. Ora ana rasa kikuk utawa tegang, sing ana mung suasana kekeluargaan antarane TNI lan insan pers ing Pacitan.
Kegiatan sore kuwi ora mung sebatas buka puasa bareng. Sadurungé, Kodim 0801/Pacitan lan FPPA wis kolaborasi ngabagi takjil marang para pengguna jalan. Aksi sosial kasebut dadi wujud kepedulian marang masyarakat sing lagi nglakoni ibadah puasa.

Kerja sama antarane FPPA, Kodim 0801/Pacitan, lan Polres Pacitan uga dudu pisan iki wae. Sakdurungé wis bola-bali nganakake kegiatan bareng, wiwit saka bakti sosial, resik-resik pantai, nganti kegiatan kemasyarakatan liyane.
Sinergitas antarane aparat keamanan lan insan pers iki dadi bukti yen komunikasi lan kebersamaan bisa njaga kondusivitas wilayah, utamane ing momen bulan suci Ramadhan.

Reporter: S Diran / mediapatriot.co.id Perwakilan Jawa Timur


Wartawan di lapangan dibekali Kode Sandi untuk membuka DAFTAR WARTAWAN Dibawah ini: DAFTAR WARTAWAN >>>





Tentang Kami

Mediapatriot.co.id adalah portal berita online nasional yang menyajikan informasi aktual, terpercaya, dan berimbang.

Didirikan oleh jurnalis senior Hamdanil Asykar, Mediapatriot.co.id berkomitmen menjaga integritas jurnalistik sesuai Kode Etik Dewan Pers.

Misi kami adalah menjadi media digital yang membangun kesadaran publik melalui berita edukatif, mendalam, dan bebas hoaks.

Untuk pertanyaan, saran, atau kerja sama media, silakan kunjungi halaman Kontak.

📲 Simak Berita Terpercaya Langsung di Ponselmu!

Ikuti MediaPatriot.CO.ID lewat WhatsApp Channel resmi kami:
👉 Klik di sini untuk bergabung